Desa Sluke punika dipunpendhet saking julukan asma tiyang estri ingkang kemanggen ing dusun punika. Tiyang estri punika asmanipun Putri Sarijati. Putri Sarijati rawuh ing dusun punika kaliyan para pengikut-pengikutipun kangge nyebaraken agami Islam. Nalika Putri Sarijati kaliyan para pengikutipun ngantos dumugi desa punika, sampun manjing wekdal salat. Putri Sarijati kaliyan para pengikutipun badhe nglampahaki wekdal salat. Nanging piyambakipun boten kepanggih toyo wonten mrika. Lajeng Putri Sarijati punika nancepaken pedhangipun wonten lemah. Selajengipun toyo medal kanthi lanvar ugi sakmenika dipunparingi asma Sumur Gedhe. Selajengipun, Putri Sarijati kaliyan para pengikutipun diwiwiti wudlu ugi langsung nglampahi salat wonten masjid ingkang sakmenika dipunparingi asma Masjid Elor / Masjid Tiban.
Salajengipun, Putri Sarijati mangertosi para penduduk ingkang manggen ing desa punika, piyambakipun nyuwun izin kaliyan warga desa punika kangge mbangun setunggalipun griya kangge manggen piyambakipun kaliyan pengikutipun. Ing desa punika, Putri Sarijati pikantuk julukan, inggih punika Putri Suluk, ingkang dados dasar nami desa punika. Julukan punika dipunsebabaken amargi kebiasaan Putri Sarijati ingkang remen ngresuluk. Ngresuluk punika asal saking basa jawi ingkang artosipun setunggalipun kegiatan ingkang dipunsebut munajat dhateng Allah SWT.
Saksampunipun dangu nglampahi pagesangan lan nyebaraken agama di desa punika, selajengipun dumugi para anggota saking Kerajaan Majapahit kangge nyebaraken agami Hindu. Kedadosan punika boten dipunremeni kaliyan Putri Sarijati, mila piyambakipun gadhah maksud ngasuraken musuhipun. Nanging boten disadari, salah setunggalipun putra saking Raja Kerajaan Majapahit punika tresna dhateng Putri Sarijati, amargi remen kaliyan kecantikanipun ugi kesaenan Putri Sarijati. Pangeran punika gadhah maksud melamar piyambakipun. Putri Sarijati menolak, amargi alasanipun benten agami.
Pangeran punika malah duka ugi ngawontenaken perang kaliyan kerajaan ingakang dipunpimpin Putri Sarijati. Kangge jawab tantangan perang punika, dipunwontenaken tradhisi nabuh gong ingkang dipunlampahi dhateng kakak Putri Sarijati ingkang dados panglima perang punika. Saumpami gong gadhahipun kerajaan Putri Sarijati ditabuh medalaken swanten, mila peperangan punika dipuntampi, amargi piyambakipun badhe menang.
Nanging, saumpami gong punika bonten nyuwanten, mila boten ditampi, amargi piyambakipun badhe kalah. Salajengipun gong punika ditabuh, lajeng boten medalaken swanten. Kakak Putri Sarijati ugi merintah Putri Sarijati kangge nolak perang punika. Sang Putri boten kersa. Piyambakipun semangat kanggetetep nglampahi peperangan. Kaliyan nyamar dados tiyang jaler supados boten dipunngertosi identitas piyambakipun, Putri Sarijati ugi mimpin peperangan punika.
Let wekdal, salajengipun, kados dugaan awal kakakipun, Putri Sarijati kawon dhateng perang punika. Piyambakipun kasil dipunpejahi kaliyan Pangeran Majapahit ugi nunjepaken pedhang wonten padharanipun Putri Sarijati. Sakderingipun piyambakipun seda, Putri Sarijati sempet mlajeng. Getih saking padharan Putri Sarijati netes wonten ing margi. Tetesanipun getih medalaken ganda wangi, sehingga dhaerah punika dipunparingi asma Mbarwangen. Putri Sarijati lajeng mlajeng. Ngantos pungkasanipun, piyambakipun boten kiyat malih ugi seda wonten sebelah lepen.
Hal punika nyebabaken rikma palsu ingkang dipunginaaken Putri Sarijati kangge nyamar coplok. Sang Pangeran ingkang saking wau ndhereaken, akhiripun priksa dhateng tiyang ingkang dipunpejahi inggih punika tiyangingkang dipuntresnani. Sang Pangeran punika langsung ngambungi Putri Sarijati wonten sebelah lepen. Mila punika lepen dipunparingi asma Kali Sengok.
Dhudutan cerita, desa ingkang dados panggenan Putri Sarijati, ingkang saat punika dados dhaerah panggenan kula piyambak, dipunparingi asma Desa Sluke, amargi dipunpendhet saking julukan Putri Sarijati inggih punika Putri Suluk.